Ryzal04

About

Contoh pidato perpisahan bahasa jawa

Nama : AHMAD ARIZAL NUGROHO Kelas : IX© No : 12 – 050 - 044 Assalamu'alaikum wr. Wb Ingkang kinurmatan Ibu Kepala SMP N3 Tempuran ugi Bapak lan Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang saking kelas VII dumugi kelas IX ingkang kula tresnani. Sepindah monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo sahingga kita saged makempal wonten ing ruangan niki tanpa alangan setunggal menapa kanthi waosan takhmid sareng – sareng, Alhamdulillah hirobbil‘alamin. Kula, wakil saking rencang - rencang kelas IX ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak lan Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kula lan sak rencang dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa. Mboten keraos kula lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kula piyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agunging pangapunten saking Bapak lan Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula lan sak rencang anggadhahi kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Kula lan rencang – rencang ugi nyuwun do’a restu kalih bapak – ibu guru lan orang tua supados saget nerusaken ing sekolahan ingkang luwih inggil. Pesen kula lan sak rencang kangge adik – adik kelas VII lan kelas VIII kudu sinau ingkang sregep supados saget lulus 100% kanti biji ingkang enggal. Cekap semanten anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agenging pangapunten. Wasslamu'alaikum wr. Wb

1 Response to "Contoh pidato perpisahan bahasa jawa"

  1. Slot Games at DrmCD
    Play all our favorite video 태백 출장안마 slots at DrmCD - a trusted and trusted 경상북도 출장마사지 online 사천 출장샵 casino. Find 나주 출장샵 your dream casino at drmcd today! Rating: 서울특별 출장샵 3 · ‎2 reviews

    ReplyDelete

wdcfawqafwef